Selasa, 06 November 2012

Wewatakaning wayang

Saben wayang duwe wewatakan dhewe-dhewe. wewatakan mau kalasake (trep) karo anta wacanane (micara) sing ditindhakake dhalang: Tuladha: A. Abimanyu, watake alus, sareh micarane, seneng ngalah. B. Arjuna/ Janaka, watake micara grapyak, alus, solah bawane sareh. C. Cakil, watake julig, galak, sora wicarane kasar lan nylekit, kurang deduga. D. Dasamuka, watake julig, galak, sora wicarane, angkara murka. E. Durna, watake pinter omong, micara nylekit, julig. F. Duryudana, watake anggak, galak, angkara, akeh wicara. G. Gathutkaca, watake wani, trampil, kenceng wicarane. H. Karna, watake ladak, nepson, kendel, banter wicarane. I. Kumbakarna, watake ngalah, alon wicarane. J. Kresna, wisnu watake wicaksana, wibawa, ladak, akeh wicarane. K. Laksmana/ Lesmana, watake alus wicarane, budi luhur. L. Nakula/ Sadewa, (kembar) watake akeh wicarane, grapyak, kendel. M. Puntadewa (yudhistira), watake wicaksana, sabar, alus, budi luhur. N. Rama wijaya, watake wicaksana, sabar, alus, budi luhur. O. Semar (Bhatara Ismaya), watake wicaksana, sabar, ngemong. P. Sembadra, watake alus, ruruh pasemone, akeh wicarane. Q. Srikandhi watake trengginas, mbranyak, kendel. R. Sumantri, watake mrebawani, sumanak, kendel. S. Werkudara, watake ora sabaran, wicarane sero, nepson, ora gelem ngalah, brantak.

1 komentar:

  1. PURE TINIAN DURING RULING Iron Bowl - TITIAN
    PURE TINIAN DURING RULING titanium or ceramic flat iron Iron Bowl. $5.99. Add titanium water bottle to Cart. SKU: 047773345; titanium chloride Item Type: titanium trimmer Iron Bowl. Quantity: 5 reviews $5.99 · ‎Out of stock ford ecosport titanium

    BalasHapus